Pada suatu hari di kelas X-B sedang melaksanakan ulangan Sejarah. Ada salah satu anak di kelas itu yang ketahuan nyontek, dan akhirnya…
Riza : Hayooo……., ngopo kuwi ?
Deki : Ra popo.Iso ngaleh ko kene ra ?
Tak itung peng telu ra lungo tak ajar we! Ji, ro, lu, waktune entek. Tak ajar tenan we. (akhirnya merekapun berkelahi).
Riza : kapok ora kowe?
Deki : Asem…, rasakno iki…!!!
Riza : He…he…he…Aduh..!!! (tiba-tiba dari belakang ada yang melempar Riza)
Bowo : Awan-awan ki podo gelut !!! sok nak gedhe arep dadi opo?!? Arep dadi lakon..!?
Deki : Tulungono aku, Wo…
Bowo : He..?? piye..?? lek ngomong ki sing banter, dadi sing ngrungokne ki jelas !!
Deki : Dasar budeg !!! Mbok tulungono aku ki tho, Wo..!!
Bowo : Le…Le…
Riza : Aaaaa . . .
Bowo : Awan-awan do gelot ki seng marai sopo….???
Riza : Lha yo Deki kuwi tho…
Deki : Patenono Wo, ideken ndase !!
Bowo : Kowe ki piye tho ?? Sirahe wong diomongne “ndas”, tapi ndase iwak asin di omongne “sirah”.Le…Le…
Deki : Ndang tho patenono Riza.
Riza : Ojo..ojo.. Sumpah Wo, aku ra marai Deki gelot. Takok’o Deki nek ra percoyo !
Deki : Lha menurutmu piye ??
Bowo : Rasakno, Le..
Deki : Aduuuuhhhh……
Bowo : Ra popo tho ???
Riza : Santai wae, Wo. Aku wes pernah ngelawan wong 15, mung gagal pisan, akhire
yo kalah. Nglawan wong sak deso yo pernah, wong sewu yo pernah, neng ngerti dewe tho..??
Bowo : Kalahan wae dipamerke.
Riza : Yo ra popo
Bowo : Jane gelut ki masalahe opo tho ??
Riza : Deki kuwi tho ketahuan nyontek, kok iso-isone ra ngaku. Dadi yo tak ajar.
Deki : Lho, kok iso ne ngomongne aku nyontek ki lho….
Bowo : Kabeh wong ki ngerti nek kowe ki tukang “NYONTEK”.
Deki : Kok iso !! Endi buktine …….?
Bowo : Jelasne, Za !
Riza : Yo, tak jelasne ! Bukti ke-1. Soal pertama : Siapa pengarang buku “Habis Gelap Terbitlah Terang?”. Dian konco sebangkune Deki jawab “R.A. KARTINI”. Iso-isone Deki jawab “R.A.KARTINI”.
Deki : Lho, aku betul tho ??? Ko’ iso nyalahne aku ? kabeh wong ngerti nek pengarang buku “Habis Gelap Terbitlah Terang” iku R.A.Kartini, iso-isone nyalahne aku.
Bowo : Urung, iku lagi bukti kesiji. Terusne, Za !
Riza : Iki bukti ke-2 : “Dimana Ibu Kartini dilahirkan?” Dian jawab “Jepara”. Iso-isone kowe jawab “Jepara”
Deki : Kowe ki wes gendeng opo piye tho !!? lha wong jawabane pancen kuwi kok.
Iso-isone nyalahne aku ! Paling Dian sing nyontek aku.
Bowo : Kuwi lagi bukti ke-2 ! iki lho bukti sing marai kowe ketahuan nyontek. Jelasne,
Za!
Riza : he…he…he…Rungokne sing tenan !
Soal ke-3 : “Kapan perang Diponegoro terjadi ?”. Dian jawab “RA NGERTI”. Iso-isone kowe jawab “OPO MENEH AKU !!”
Riza dan bowo : Dasar Koplak !!!???
Diperankan oleh :
Riza Zakaria Sebagai Riza Bachdim
Try Wibowo Sebagai David Wibowo
Deki Purnawijaya Sebagai Deki De Caprio